MERTAMU



dening AF/43812

 






Salah satunggaling  tata cara  panguripan wonten ing masyarakat yaiku kabudayan mertamu utawi kabudayan  nyambung  silaturrahmi. Wonten ing babagan agami islam mertamu punika Tujuane supados angraketake kekoncoan, paseduluran lan kekarabatan marang sanak famili. Ananging mertamu wonten ing sanak kerabat, tetanggi, kanca, lan liane menika  mboten namung budaya kemawon, nanging perkara ingkang dipun anjuraken wonten ing agama islam, pramila tiyang kang mertamu kuwi kalebet tiyang kang  nyambung silaturrahmi.
Wonten ing adab utawi tata cara mertamu, kathah katentuan-katentuan ingkang sampun diatur marang tiyang ingkah badhe mertamu. Mungguh kabudayan Indonesia punika adab sopan santun, solah bawa  lan tata krama punika kedhah dipun utamaaken marang tiyang ingkang mertamu. Saking menika, kitha kedhah mangertosi punapa kemawon aturan/ tatacara sakderengipun mertamu wontern ing dalemipun tiyang. Lajeng menawi sampun mangertosi tata cara mertamu supados saged dadi pakulinan wonten ing babgan mertamu. Tuladhanipun antawise yaiku:
1.      Anggadhahi niat ingkang becik
Wonten ing babagan mertamu ingkang paling penting yaiku anggadhahi niat ingkang becik, amergi saking niat ingkang becik punika saged nuwuhaaken kesenengan marang tiyang ingkang dipuntamoni. Sahingga andadhekake raketing paseduluran marang kekalihipun.
2.      Milih wekdal ingkang sae rikala badhe mertamu
Kagem tiyang badhe mertamu kedhah mangertosi wanci ingkang becik  damel mertamu, ampun  mertamu rikala wancinipun tiyang lagi ngaso , antawisipun jam kaleh ngantos jam sekawan. Senajan boten tiyang muslim, nanging yen mertamu wancinipn tiyang nindakake ibadah prayogane enggal pamitan wangsul. Umpami wancinipun sholat magrib ingkang wancine namung kedhik. Menawi mireng adzan ugi kedhah enggal pamitan
3.      Mlebet lan lungguh kanthi sopan
Sak sampunipun tuan rumah manggaaken mlebet, kita kedhah enggal-enggal mlebet kanthi ssopan wonten ing palungguhan ingkang dipun sediake.  Ampun ningali hiasan-hiasan ingkang wonten ing tembok, amargi andadekake kacurigaan tuan rumah
4.      Trapsila
Senajan mertamu punika boten resmi, ananging kedhah merhathosaken tata susila. Ngagem busana ingkang sopan . nalika  disuguhi ampun kesesa dipundhut sederengipun dimanggaken . Menawi  dijak  madhanng  ing ruang makan njupuk sacekape mawon . Rampung dhahar sendhok lan garpu dikurebake ing piring lan dhaharan ing piring kudu gusis. Ampun  watuk sajroning  dhahar lan aja glegeken sawise rampung. Menawa   watuk utawi glegeken diempet rien  ngantos  ninggalake ruang makan. 
5.      Enggal-enggal wangsul menawi sampun jangkep urusane
Menawi urusan ingkang sampun disampeake marang tiyang ingkang dipun tamoni, sampun jangkep enggal pamitan wangsul  supados boten ngganggu marang keluarga ingkang badhe istirahat.
Menika lah  aturan-aturan ingkang kedhah dipunperhatosaken marang tiyang ingkang badhe mertamu , menawi aturan-aturan punika ditindhake , saged anggraketake marang kekerabatan lan paseduluran.

1 komentar:

Dewo Bagus mengatakan...

menawi karawuhan tamu, ngantos sak lajengipun dumugi pamit...
kados pundi to anggenipun njawab pamit tamu ingkang jangkep ?
nuwun...

Copyright © 2013 JIWA - JAWA - JAWI