SALAMAN


dening RDS/49212
Tata Cara Salaman niku Katah Tunggalipun:
1.      Cara salaman kalih tiyang seng lebih nem.
Para mudha ngrasa seneng diregani nalika kita salaman ndamel rasa kasih sayang. Biasane salaman kalih taken kabare.
2.      Cara salaman kalih rencang.
Salaman kalih rencang nambah ngreketaken tali saduluran. Naliko ana rasa dendam, paleng ndak saged ngurangi rasa dendam. Biasane wonten aturan piyambak gawe arek lanang lan wadhon.
3.      Cara salaman kaleh tiyang seng lebih sepuh.
Salaman kaleh tiang seng lebih sepuh, seng sae puniko damel rasa hormat dateng tiyang seng badhe disalami. Tiang sepuh puniko perlu dihormati amerga lebih sepuh saking kita. Salaman kaleh tiang sepuh puniko damel asta kale, salira kita mbungkuk.
4.      Cara salaman kaleh tiyang kang kita hormati.
Naliko salaman kalih tiyang kang kita hormati, seng sae puniko astanipun disayang. Cara nyayang astanipun sanes astane seng diangkat damel disayang, nanging salira kita kudu mbungkuk damel mundhut astanipun. Kita nempelaken irung dhateng astanipun.
5.      Cara salaman dhateng forum resmi.
Ing forum resmi salaman puniko tradisi seng wajib damel ngreketaken kalih mitra kerja kita. Salaman dhateng forum resmi puniko kudhu disesuaiaken damel jagi kharisma lan gengsi piyambek. Caranipun salaman salira jejek mboten perlu bungkuk, salaman damel setunggal asta lan di obahaken teng andhap lan inggil peng setunggal utawa kale.
6.      Cara salaman kalih tiyang kang dereng kenal.
Salaman kalih tiyang kang dereng kenal, mboten perlu minder, salaman kalih taken asminipun lan sak panunggalane. Lan kudu mirsani situasi lan kondisi.
7.      Cara salaman kangge adhik cilik.
Tangan kita diangkat ing wajah adhik damel disayang, puniko maringi pelajaran pendidikan dateng adhik tata cara salaman seng becik. Dados adhik kalihan badhe salaman puniko nyayang astanipun tiyang seng diajak salaman.

salaman.

0 komentar:

Copyright © 2013 JIWA - JAWA - JAWI