Wangsalan
dening Th. Carrera
Wangsalan yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean, kaya dene
cangkriman utawa tebakan (Heru Subroto : 2010). Tembung ‘wangsalan’ nunggal teges karo ‘wangsulan’. Ing
sajroning wangsalan ngemu unen-unen, lan unen-unen iku mbutuhake wangsulan minangka
batangane.
Wangsalan ana kang kaprah lan tinemu ing paguneman padinan lan
mengku karep tartemtu, tur saben wong ngerti karepe. Yen ana wong muni: ‘Eh,
bocah cilik mono aja ngroko cendhak’, sing diajak guneman ngerti, karepe ‘aja
neges-neges’, rokok cendhak iku tegesan. Ana wong martamu, sing duwe omah
mbagekake karo celathu: ‘E, njanur gunung temen!’, karepe ‘kadingaren’. “Janur
gunung” bedhekane “janur aren”. Ana bocah ngaku-aku duweking liyan, banjur
disendhu: ‘E, aja ngedom kreteg!’. “Dom kreteg’ iku ‘paku’.
Wangsalan uga akeh tinemu ing kasusastran, lumrahe rinakit ing
basa pinathok tur rinengga. Ana uga kang sinawung ing tembang Macapat. Ing seni
karawitan sok kanggo umpak-umpak ing gendhing. Tuladhane:
1. Wangsalan padinan
Isih enom
kok njangan gori. (jangan gori = gudheg)
Ditakoni
malah ngembang suruh. (kembang suruh=drenges)
We, kok
banjur ngewoh kesambi. (who kesambi=kucacil)
2. Wangsalan kang rinacik ukara
Ayam wana,
ywa nasar tindak dursila. (bekisar)
Balung
janur, nyata sira mangka usada. (sada)
Balung
klapa, ethok-ethok ora priksa. (bathok)
Balung ula,
dakgagas gawe rekasa. (gragasan)
3.
Wangsalan kang dumadi saka rong ukara
utawa rong gatra. Gatra kapisan
minangka wangsalan (cangkriman), ukara kapindho minangka bedhekane utawa
wangsulane.
Tuladha:
Gentha
dara, ari Senen basa kuna. (sawangan; Soma)
Sawangane,
narima asrah ing jiwa.
Ancur kaca,
kaca kocak munggwing netra. (banyu rasa; tesmak)
Den rinasa,
tindak mamak tan prayoga.
Ari Sena,
Sena gelung minagkara. (Arjuna; Wrekodara)
Puji arja,
mrih antuk sihing bandara.
4. Wangsalan sinawung ing tembang
Sinom
Jamang
wakul Kamandaka,
kawengku
ing jinem wangi,
kayu malang
munggeng wangan,
sun wota
sabudineki,
roning
kacang wak mami,
yen tan
panggih sira nglayung,
toya mijil
sing wiyat,
roning
pisang leash ing wit,
edanira tan
waras dening usada.
(Babad
Pasir: IV.4)
Kinanthi
Sastra
pangandheging kidung,
sudarma
Basudewaji,
ngestu pada
mring kusuma,
manjanma
ping sakethi,
pusara
pangiket gangsa,
tumutur tan
sedya kari.
(Mangkunagara
IV, Manuhara: II, 11)
0 komentar:
Posting Komentar