PANYANDRA

Text Box: Bausastra
Arga = gunung
Nedheng lelaku = lagi tirakat, prihatin
Manages = nyembah, semedi, ndedonga
Pangajab = pengarep-arep
Jawata = dewa, bathara
Ndungkap = tekan, wayahe
Catur dasa ari = patang puluh dina
Rayutan = oyod
Jugar = kandheg, buyar, gagal
Lamun = yen, menawa
Mangsah yuda = maju perang
Nglanggati = nuruti, ngladeni
Kapracondhang = keplayu
Garwanipun = bojone
Kalindhih = keseser, kalah
Pepak ander = kebak nganti ora cukup panggone
Wusnya = sawise, sasampunipun
Kasaru = kaganggu, kasusul
Pangoyaking = pangubere
Sawadya = saprajurit, sabala
Ingadhepan = diadhepi
Sumamburat = mawut


Panyandra iku asale saka tembung lingga candra. Candra iku dasanamane rembulan, sasi, kirana, tengsu, sirotesmi, sasadara...
1. Panyandra iku apa karepe, terangna kanthi tuladha sacukupe !

 2. Crita wayang iki golekana panyandrane !



Jemparing Glagahbang
Negari Cempalareja ugi kasebat negari Pancaladriya punika negari ingkang panjang punjung pasir wukir loh jinawi tata tur raharja. Negari jero tancepe padhang jagade wiyar jajahane gedhe obore adoh kuncarane dhuwur kukuse.
Boten ing tanah jawi kewala senajan ing sabrang kathah negari ingkang sami tumungkul aris tan ginebag ing ajurit, namung kayungyun ing kautaman. Sami asok bulu bekti glondhong pangareng-areng minangka tandha panungkul. Praja Cempalareja ngalami jaman kencana mengku werdi sugih bandha donya mas picis raja brana lan boten wonten kawula ingkang kesrakat.
Sinten ta ingkang ngembat pusaraning adil praja Cempalareja tanulyan Prabu Drupada ya Bambang Sucitra. Rikala semanten  nembe ngawontenaken pasewakan agung. Ingkang mangayun lah punika ingkang rayi kaipe Raden Gandamana. Satriya sekti mandraguna jayeng palugon, tan tedhas papak palune pandhe sisane gurinda bebasan jinara mendat tinatah menter.
Minangka agul-aguling praja Cempalareja Ki Patih Sindupraja. Ugi sowan ngabyantara Tumenggung Tambak Kenanga. Kebak ambelabar ingkang samya mangayun, tinon pindha panjrahing puspita. Kaya arep ndhoyong-ndhoyongna pancak sujining pendhapa.
Nalika semanten dereng wonten dhawuh pagandikaning nata. Sidhem premanem tan ana sabawane walang ngalisik.  Tan antara dangu sang nata asung sasmita murih rayi kaipe Raden Gandamana kepareng  langkung mangarsa. Badhe mijilaken dhawuh pangandika.
Wosing pasewakan sampun dwicandra putra putrining nata linggar saking praja. Raden Gandamana kinen kulak warta adol pangrungu, ngupadi linggare sang putri. Kanthi dipun dherekaken para prajurit miwah tamtama Raden Gandamana ngestokaken dhawuhing Prabu Drupada.
Gantos kang winursita nun inggih ingkang wonten ing praja Tapeljagad, raja danawa Prabu Kala Mardiyu kaadhep Patih Jurang Grawah dalah Tumenggung Padhasgempal. Ing jawi pepak para prajuriting buta padha pating galero.
Nalika semana sang prabu  lenggah ing dhampar dhenta pinalipit kencana. Sang prabu kemul dodot dhasar raseksa saprabata siwi agengipun. Simbar jaja, surya sakembaran netrane, grana pindha canthike baita, waja mingis-mingis sagedhang mas agenge. Lamun ngendika kaya bledheg ngampar, lamun nggetak pindha gludhug pating galidrah pating galero pindha sima andon mangsan.
Sang prabu darbe lara kunjana. Wus ndungkap sacandra kasmaran marang sekaring praja Cempalareja, dewi Srikandhi. Wusananing rembag para prajurit raseksa wus samapta ing gati, sawega ing dhiri. Tanpa ngrantos benjing, nora ketang obor lintang colok rembulan samya bidhal nglurug dhateng Pancaladriya arsa nglamar dewi Srikandhi.
Sampun bidhal wadya Tapeljagad. Ing margi kepranggulaan barisan saking Cempalarejo. Wusana dados regejegan pasulayan. Prajurit Tapeljagad kawon lan nyimpang margi.
Ing wana gung liwang-liwung, Raden Harjuna ingkang ngupadi linggaring ingkang garwa dewi Srikandhi, miwah panakawan catur ingkang nembe sowan saking Begawan Abiyasa, pinanggih prajurit denawa ingkang kapisah saking kanca rowangipun. Dados pasulayan rame, para danawa tumekaning lampus.
Taksih tunggaling cariyos ingkang wonten ing pucuking arga Kembang. Dewi Srikandhi nedheng lelaku cegah dhahar tapa brata. Sedhakep saluku tunggal nutupi babahan hawa sanga maneges ing ngarsaning Hyang. Ing pangajab ngadhang wahyu sinebat Jemparing Glagahbang peparinge jawata.
  Sampun ndungkap catur dasa ari. Ngantos kagubel ing rayutan, prandene boten jugar tapane sang hayu, lamun dereng pikantuk wahyuning Jawata. Boten antara dangu rawuhipun Bathara Indra paring wahyu wujud jemparing Glagahbang. Ing besuk mangka sanjata piandel samangsa Srikandhi mangsah yuda ing bharatayuda.
Sakonduripun Bathara Indra nulya kedadak praptaning Prabu Kala Mardiyu. Srikandhi arsa den boyong dhateng Tapeljagad. Srikandhi boten kersa nglanggati wusana dados prang tandhing. Srikandhi kawon, kapracondhang lan kepanggih kaliyan garwanipun Raden Harjuna. Permadi suka pambiyantu nanging wusana kalindhih ing yuda. Kekalihipun lajeng wangsul dhateng Ngamarta. Prabu Kala Mardiyu ngoyak kekalihipun.
Rikala semanten pepak ander para priyagung awit rawuhipun tamu saking Dwarawati Prabu Kresna. Wusnya bage binage, Raden Harjuna matur menawi ingkang garwa linggar saking praja awit ngadhang wahyuning dewa. Pusaka jemparing Glagahbang mangka piandel wus tinampi ing Srikandhi.
Kasaru pangoyaking Kala Mardiyu sawadya. Wusana ingadhepan dening Werkudara. Prang tandhing rame, Prabu Kala Mardiyu kawon. Pejah dening kuku pancanaka. Wadya balanipun ingamuk ing Arjuna, sumamburat mawut bali ing praja Tapel Jagad.
Tancep Kayon.
(Panjebar Semangat, no.23/ 2000: 34-35)   
 

0 komentar:

Copyright © 2013 JIWA - JAWA - JAWI