TEMBUNG ENTAR lan TEMBUNG SAROJA
D.
Tembung Entar lan Tembung Saroja
Tembung Entar diarani uga tembung
silihan. Tembung Entar yaiku tembung kang nduweni teges ora salugune amarga
disilih/digawe kanggo ngandhakake bab kang seje.
Tuladhane
tembung entar iku ing antarane kaya ing ngisor iki :
Jembar segarane =
sugih pangapura, sabar
Panas atine =
nesu, muring
Atine kari samenir =
kuwatir banget
Sumpeg atine =
susah
Padhang pikire =
seneng
Pedhes tembunge =
gawe serik, gawe lara
Cilik atine =
jirih
Tembung Saroja yaiku tembung loro kang
padha utawa meh padha artine dianggo bebarengan. Gunane tembung saroja iki
kanggo mbangetake lan nembah kaendahan.
Tuladhane
tembung saroja yaiku :
mati lampus guyub
rukun
dhawuh pangandikan babras
bundhas
anteng jatmika blaka
suta
was sumelang sari
pathi
solah tingkah ayu
sulistya
Garapan :
- Goleka
tuladhane Tembung entar saka ing wacan dongeng utawa sumber liyane, lan
terangna tegese !
- Goleka tuladhane tembung saroja saka ing wacan dongeng utawa sumber
liyane sing kokweruhi !
3. Gawea ukara nganggo tembung
entar !
4. Gawea ukara nganggo tembung
saroja !
0 komentar:
Posting Komentar