CRITA ASMARANE : PRABARETNA- PANJI PULANGJIWA
LEGENDHA KEPANJEN; PRABARETNA-PANJI PULANGJIWA
Asmaradana Malangan
Yen ndika ngerteni
neki,
Wong urip nok alam
donya,
Ora nemen
sengsarane,
Lan malih
kaweruhana,
Tinggalane tyang
kuna,
Iku sejatine
ngelmu,
Kang tumrap neng
alam donya.
Kacarita kang ana ing kadhipaten Malang. Adipati Rangga Tohjiwa kagungan
putra putri sing ayu rupane, becik bebudene, kuwat prihatine, grapyak sumanak
marang kabeh kawulane. Sekaring
kadhipaten iku asmane dewi Prabaretna. Sang putri wis ngancik dhiwasa,
wis wayahe mangun bale wisma. Ewasemono durung ana jejaka, pangeran uga raja mudha kang nglamar sang dewi. Mengkono uga sang dewi
Prabaretna, sajak durung ana kekarepane rinengkuh dening priya. Wektu iku sang
dewi gentur mesu budi, ngudi elmu kanuragan ing padhepokan gunung Kawi.
Wusana sang dewi katimbalan marak sowan, kinen
kondur ing Kadipaten. Adipati Rangga Tohjiwa nganakake
sayembara. Sapa-sapa kang bisa ngasorake kridhaning jurit dewi Prabaretna bakal
dipundhut mantu, kadhaupake karo sang dewi. Dewi Prabaretna ora bisa selak
maneh. Kawicaksanane Ingkang rama mau uga gawe marem penggalihe, sebab calon
garwane kudu bisa ngasorake ulah kridha jurite.
Sayembara iku enggal kabiwarakake. Ora mung
tlatah sakupenge gunung Kawi, gunung Arjuna, Gunung Anjasmara, lan gunung
Semeru bae. Ora mung ing laladan kadipaten brang wetan, lan Mataram bae. Biwara
Sayembara iku sumebar nganti tekan
laladan kadipaten Sumenep ing pulo Medura.
Ana salah sawiji punggawa kadipaten, asmane
Sumalewa. Sumalewa ing sekti mandraguna, murid kinasihe Ki Ajar Jafar Sodiq.
Nalika sowan lan matur krenteg atine marang sang Ajar, Sumalewa didhawuhi
supaya sabar, ora gumampangan. Abot sanggane dadi mantune Adipati. Kudu nduweni
ati sing jembar, lan saguh leladi marang kawula cilik. Ora mung nuruti hardane
nepsu pribadhi bae. Sumalewa matur sendika.
Ki Ajar mesem banjur ngendika,” Ngger,
Sumalewa. Becik tatanen maneh atimu, budi dayaning manungsa iku rinengkuh
dening wasesane Gusti Kang Maha Kawasa,”
“Sing prayitna angati-ati. Bakal ana wong sabrang
kang sekti mandraguna. Titikane pawongane brengosen tur antingan, rikmane
ingumbar dawa. Satriya pilih tandhing
ora gampang dikalahake. Santosa budine, pengkuh kekarepane. Ing ngendi bae
tansah nggawa pusaka piandele. Nduweni daya kekuwatan sasrabau paribasane,”
Sawise nyuwun idi pangestu, Sumalewa banjur
nyuwun pamit. Bali ing kadipaten, banjur aba prentah marang prajurit andhahane.
Sabregada prajurit kinen jaga tapel wates sisih lor kadipaten Malang. Sapa bae
pawongan, lanang lan asal saka njaban rangkah
cinegat wani. Ora mung kuwi banjur kinrocok gaman, dipateni.
“Prajurit kabeh bae padha estokna! Wiwit dina
iki, tlatah kene dadi lelawangane kadipaten Malang. Sapa bae kang bakal tumuju
ing kadipaten Malang kudu liwat gapura, ya korine kadipaten iki. Mula besuk ing
rejane jaman, katelaha tlatah iki dadi LAWANG!”
“Delengen kali sing banyune mau bening, saiki
dadi abang mbranang dening getih pangrocok gamanmu, mula dadia arane, kali iki
besuk bakal aran KALI GETIH!”
Ana satriya bagus, putrane adipati Sumenep.
Panji Pulangjiwa, asmane. Adreng penggalihe kepengin mupu sayembara. Supaya ora
kadenangan prajurite Sumalewa, mula anggone tumuju kadipaten Malang ora liwat
sisih lor. Panji Pulangjiwa mlaku sesidheman liwat tritis sisih wetan kadipaten
Malang. Nalika arep mlebu kadipaten, lakune kandheg amarga ganda sengir pesing
ing sakiwa tengene. Marang para pandhereke Panji Pulangjiwa banjur dhawuh,”He
bocah prajurit, peteng lelimengan anggone awake dhewe mlebu ing kadipaten
Malang. Ing kana-kene gandane sengir pesing tur akeh kewan, raja kaya ingopenan
ing kandhang. Mula mbesuk rejane jaman, katelaha tlatah iki kanthi sebutan
KEDHUNG KANDHANG,”
Sayembara wis kawiwitan. Kabeh kang melu
sayembara wis kasoran ing yuda dening satriya loro, yaiku Panji Pulangjiwa lan
Sumalewa. Bareng adhep-adhepan, nyata lelorone timbang bobot kasektene. Perang
tandhing mau nganti suwe banget. Sing padha nonton padha giris miris weruh
tandange sing padha adu kandele kulit, landhepe gegaman. Wusana Sumalewa wiwit
entek kekuwatane. Dene Panji Pulangjiwa katon isih cukat trengginas, tetep
trampil ulah yudane. Kabeh mau krana aji-aji akik Suleman lan kasekten
Sambernyawa kagungane.
Wusana Panji Pulangjiwa kang kudu ingadhepan
dening dewi Prabaretna. Mirsani kasulistyane sang putri, geter ing penggalihe.
Saya mramong tekade, bisa dhaup karo sekaring kadipaten Malang. Dhasar prajurit
wanita, tatag teteg tangguh lan tanggoh. Ora gigrig senajan ngadhepi satriya
sekti Panji Pulangjiwa. Wusanane kaya si Sumalewa, dewi Prabaretna keseser ing
jurit. Ing sawijining kalodhangan, ngrapal aji panglemunan. Panji Pulangjiwa
lena, bareng eling jebul mungsuhe wis ora ana. Dewi Prabaretna lumaris,
ngoncati paprangan.
PanjiPulangjiwa banjur aweh sasmita marang
turanggane, Sasrabau. Kanthi kesit enggal numpak jaran sekti, mbujung playune
dewi Prabaretna. Jebulane dewi Prabaretna mlebu ing benteng petilasane praja
Singasari rikalane semana. Sasrabau
ngerti karepe bendarane, enggal mandheg jegreg ing sangarepe gerbang. Sabanjure
Panji Pulangjiwa ngrapal mantra sekti. Sarwi sedhakep saluku tunggal, epek-epeke
ingusap nganti metu keluke. Kanthi ngetog karosan, gerbang benteng iku sinurung
saka kadohan. Jumleger swarane, nganti sing nyumurupi padha alok, BEDHAH,
BEDHAH, KUTHANE BEDHAH. Kang mangkono dadi tetenger jenenge KUTHA BEDHAH.
Wusana dewi Prabaretna pasrah jiwa raga marang
panji Pulangjiwa. Lelorone kadhaupake. Ora mung kulawarga-santana praja kang
bungah, senadyan para kawula melu ngrasakake kamenangane Panji Pulangjiwa
kanggo jaya santosane kadipaten Malang. Dewi Prabaretna lan Panji Pulangjiwa
kagungan putra kakung, asesilih Raden panji Wulung utawa Raden Panji Saputra.
Para kawula melu seneng gumbira sebab lelorone tansah grapyak sumanak, prasasat
antarane kawula lan gusti wis bisa manunggal kanggo raharjaning praja kadipaten
Malang.
***
Kacarita negara Metaram ngerigake wadya bala
prajurite tumuju kadipaten-kadipaten ing Brang Wetan. Sebabe ora liya akeh para
adipati sing ora ngrawuhi pisowanan, ora kirim glondhong pangareng-areng guru
bakal, guru dadi, kangga tandha panungkul maneh.
Nalika semana alas gedhe ing gunung Kawi lan
Anjasmara kebak sato kewan galak. Kondhange kadipaten Malang nduweni alas gung
liwang-liwung, jalma mara jalma mati. Ing alas gung liwang-liwung tur wingit
iku ana sima ngamuk kang ngedab-edabi. Wadya bala Metaram kandheg awit padha
geter gigrig krungu crita galake sima edan mau. Ora mengkono tumrape sang
senapati Metaram. Tanpa gigrig enggal mblanjang jarane tumujweng alas wingit
mau. Saperangan prajurite banjur padha alok AJA BODHO, AJA BODHO. Mula Senapati
mau kaparingan asma JAKA BODHO.
Prajurit Metaram kang dipandhegani Joko Bodho
wis lumebu ing tlatah kadipaten Malang. Saya ngangseg tumuju kutha praja.
Minangka prajurit wanita, dewi Prabaretna ndherek maju perang. Weruh prajurite
kocar-kacir dening Jaka Bodho, duka banget sang Dewi. Akhire lelorone
adhep-ingadhepan. Prang tandhing adu katiyasan. Dewi Prabaretna ngerti yen
wektu iku dudu prang tandhing kaya rikalane sayembara. Ing sawijining
kalodhangan dewi Prabaretna lena. Kerise Jaka Bodho tumancep ing igane dewi
Prabaretna. Kena dayane keris sekti, gya ngalumpruk tanpa daya sang dewi
Prabaretna. Joko Bodho melu kaget, sebab eling dhawuhe gurune. Pusakane bakal
ilang daya ampuhe lamun sinudukake marang wanita.
Prajurit kadipaten Malang keseser ing yuda.
Panji Pulangjiwa kasep rawuhe. Anggane sang dewi enggal binopong, ginawa ing
jero kadipaten. Nanging Gusti Kang Akarya jagad wus mesthekake. Dewi Prabaretna
gugur minangka kusumaning praja kadipaten Malang. Wusana layone sang dewi
sinarekake ing sakupenge pendhapa kadipaten Malang.
Ngamuk punggung Mataram Raden Panji Pulangjiwa.
Getune kepati-pati awit garwa kinasihe gugur ing prang. Panji Pulangjiwa
satemene ora rila lamun wanita maju ing jurit. Panji Pulangjiwa ndeleng mungsuh
kanthi kabek kamurkan. Sigra matek aji samber nyawa piyandele. Kanthi nitih
Sasrabau ngrabasa wani marang prajurit Mataram. Bosah-baseh prajurit. Sasrabau
gawe kapitunan gedhe, apamaneh kasektene Panji Pulangjiwa. Bisa ginebug mundur
nganti tekan sisih kulon laladan kadipaten Malang.
“Wis leren dhisik. Ndhelika ana ing kene. Aku
kang bakal ngayoni Panji Pulangjiwa!”
Prajurit Mataram sawetara wektu banjur padha
NGEBRUG ing kono. Jaka Bodho nyekel bakuh pusakane. Keteg jejantunge nititir
aweh sasmita. Krana pusakane wis ilang yonine, wis ora ana daya ampuhe mula
kanthi gampang Panji Pulangjiwa nyedani Senapati Mataram, Jaka Bodho. Layone
Jaka Bodho disarekake ing kono, ing dhusun MBODHO kalebu tlatah desa NGEBRUK.
Sauntara iku rasa getun keduwung kang
dirasakake Panji Pulangjiwa dadi sanggane penggalih kang ngregemeng tansah tut
wuri sang satriya. Dhahar ora mirasa, sare ora bisa merem, penggalihe tansah
ora jenak. Kang mangkono nganti sauntara wektu. Ora ana sawiji pawongan kang
bisa ngendhakake pangrasa getun keduwung mau. Panji Pulangjiwa mung kelingan
ingkang garwa sang dewi Prabaretna kang wis sowan bali ing ngarsane Gusti.
Sauntara iku Kanjeng Sultan ing Mataram pirsa
lamun wadya prajurite kalindhih ing prang. Mula banjur ngerigake bala prajurit
maneh. Cacahe luwih akeh saka sadurunge. Prajurit kang lagi teka Mataram mau
wus nyawiji karo wadya bala prajurit kang padha ngebrug. Sabanjure banjur
mangetan, ngarah marang kutha praja kadipaten Malang. Tekan ing tlatah sisih
kidule kutha praja banjur padha leren, MESANGGRAH sinambi tata baris,
pirembugan lan nyamaptakake sakeh ubarampene prang. Mula saka iku, tlatah ing
sakidule kutha praja iku banjur katelah
SANGGRAHAN.
Asil pirembugan iku tumuju marang upaya
ngadhepi pangamuke Raden Panji Pulangjiwa kang nyta satriya pilih tandhing.
Wosing pirembugan, wadya bala Metaram bakal laku karti sampeka. Paribasan kenaa
iwake aja nganti butheg banyune.
Sigra prajurit Mataram yasa PANGGUNG ing
sakidul-wetane kutha raja. Ing sadhuwure panggung pinasang kenya kang memper
dewi Prabaretna. Sang kenya memba Prabaretna iku ngadeg ing sadhuwure panggung.
Sarwi nembang Asmaradana. Sauntara ing burine panggung wis digawe sumuran
kanggo ngroyok Panji Pulangjiwa. Sabanjure kabiwarakake ing akeh yen dewi
Prabaretna nggoleki garwane Raden Panji Pulangjiwa.
Kabar mau wusana kapireng dening sang Panji
Pulangjiwa. Enggal nyengklak Sasrabau. Nglunja sru lumumpat ngarah marang
PANGGUNGREJA. Ing panyawange katon garwa kinasihe kang wingi binopong kanthi
tatu ing igane. Jebul isih jati waluya, waluya jati. Nembang Asmaradana ing
sadhuwure panggung. Bareng Panji
Pulangjiwa nubruk sang kenya, enggal tinarik sang kenya memba Prabaretna. Panji
Pulangjiwa mung ngrangkul suwung, nanging penggalihe wis kadhung kablebegan
rasa gumbira lan marem. Ilang kaprayitnane, liwung anggane tumiba ing sumuran
ing suwalike panggung.
Senapati mataram aweh sasmita. Kinrocok sakeh
gegaman sang bagu Panji Pulangjiwa. Gugur ing prang mbelani kadipaten Malang.
Kabar lelayu anjrah ing kadipaten Malang. Layone Panji Pulangjiwa sinarekake
jajar sumandhing lawan ingkang garwa, dewi Prabaretna. Tinunggon Sasarabau kang
dadi seksi watak tamtama wirotamane Panji pulangjiwa-Prabaretna ndhepani bumi
pertiwi, netepi darmaning satriya sejati.
Pakurmatan marang lelorone wujud kasedhihane
kawula ing kadipaten Malang. Tuwa mudha, gedhe cilik, lanang wadon, padha
bebarisan tumuju kutha praja kadipaten Malang kang winisudha aran KEPANJEN saka
tembung ka- + panji + -an.
“Ayo padha LAYAT…LAYAT…LAYAT..”
Saking kehe bebarisane wong layat mau, nganti
ingaran desa KLAYATAN.
Nuwun.
Rahayua ingkang sarwi pinanggih
Saking
crita rakyat sinanggit sawetawis Linambaran
raos tresna kula,
hardjana dt
0 komentar:
Posting Komentar