ARANE BOCAH APA?

Ontang – anting : Anak siji lanang
Unting – unting : Anak siji wadon
Uger - uger lawang : Anak loro lanang kabeh
Kembang sepasang : Anak loro wadon kabeh
Cukit dulit : Anak telu lanang kabeh
Gotong mayit : Anak telu wadon kabeh
Saramba : Anak papat lanang kabeh
Sarimpi : Anak papat wadon kabeh
Pandhawa : Anak lima lanang kabeh
Pancagati : Anak lima wadon kabeh
Kendhana - kendhini : Anak loro lanang wadon
Keblat papat : Anak papat lanang wadon
Sendhang kapit pancuran : Anak telu lanang - wadon - lanang
Pancuran kapit sendhang : Anak telu wadon - lanang - wadon
Padangan : Anak lima wadon siji
Ipil - ipil : Anak lima lanang siji
Kembar : Anak loro lair bareng
Kembang gantung : Bocah kembar laire sedina
Dhampit : Anak loro lanang wadon lair bareng
Gilir kacang : Anake giliran lanang wadon
Lumpat kidang : Anake akeh ora giliran lanang wadon
Gendhong : Anak wadon sing ana tengah - tengah anak lanag
Pathok : Anak lanang sing ana tengah - tengah anak wadon
Grandhel : Anak lanang pirang - pirang, sing ragil wadon / anak wadon pirang - pirang sing ragil lanang
Anggana : Anak akeh keri / kari siji
Cemani : Anak ireng mulus
Wungle, bule : Anak putih mulus
Gondhang kasih : Anak loro beda pakulitane
Pambarep : Anak sing nomer siji
Penggulu : Anak sing nomer loro
Pandhadha : Anak sing nomer telu
Sumendhi : Kakange anak ragil
Wuragil, waruju : Anak sing keri dhewe
Yatim : Bocah lair wis ora menangi bapake
Lola : Bocah sing ditinggal wong tuwane
Lola bapa (biyung) : Bocah sing ora duwe bapak (ibu)
Konduran : Bocah lair sing ibune seda
Sumala : Bocah sing lair cacad wiwid lair
Thok thing : Bocah sing lair kanthi sirah cilik
Julung kembang : Bocah sing lair nalika srengenge mlethek
Julung sungsang : Bocah sing lair nalika bedhug awan
Jurung sarab : Bocah sing lair ngarepake surup
Julung caplok : Bocah sing lair nalika mlelepe srengenge
Margana : Bocah sing lair nalika ibune lelungan
Wuyungan : Bocah sing lair nalika perang
Wahana : Bocah sing lair nalika ana pasamuan
Jempina : Bocah sing lair durung titi mangsane
Tiba sampir : Bocah sing lair kalung usus
Tiba ungker : Bocah sing lair ususe nggubed gulu
Wungkul : Bocah sing lair tanpa ari - ari

0 komentar:

Copyright © 2013 JIWA - JAWA - JAWI