MERTAMU
dening AF/43812
Salah satunggaling
tata cara panguripan wonten ing
masyarakat yaiku kabudayan mertamu utawi kabudayan nyambung
silaturrahmi. Wonten ing babagan agami islam mertamu punika Tujuane
supados angraketake kekoncoan,
paseduluran lan kekarabatan marang sanak famili. Ananging mertamu wonten ing
sanak kerabat, tetanggi, kanca, lan liane menika mboten namung budaya kemawon, nanging perkara
ingkang dipun anjuraken wonten ing agama islam, pramila tiyang kang mertamu
kuwi kalebet tiyang kang nyambung
silaturrahmi.
Wonten ing adab utawi tata cara mertamu, kathah katentuan-katentuan ingkang sampun
diatur marang tiyang ingkah badhe mertamu. Mungguh kabudayan Indonesia punika
adab sopan santun, solah bawa lan tata
krama punika kedhah dipun utamaaken marang tiyang ingkang mertamu. Saking
menika, kitha kedhah mangertosi punapa kemawon aturan/ tatacara sakderengipun
mertamu wontern ing dalemipun tiyang. Lajeng menawi sampun mangertosi tata cara
mertamu supados saged dadi pakulinan wonten ing babgan mertamu. Tuladhanipun antawise yaiku:
1. Anggadhahi
niat ingkang becik
Wonten
ing babagan mertamu ingkang paling penting yaiku anggadhahi niat ingkang becik,
amergi saking niat ingkang becik punika saged nuwuhaaken kesenengan marang
tiyang ingkang dipuntamoni. Sahingga andadhekake
raketing paseduluran marang kekalihipun.
2. Milih
wekdal ingkang sae rikala badhe mertamu
Kagem tiyang badhe mertamu kedhah mangertosi wanci
ingkang becik damel mertamu, ampun mertamu rikala wancinipun tiyang lagi ngaso ,
antawisipun jam kaleh ngantos jam sekawan. Senajan boten tiyang muslim, nanging
yen mertamu wancinipn tiyang nindakake ibadah prayogane enggal pamitan wangsul.
Umpami wancinipun sholat magrib ingkang wancine namung kedhik. Menawi mireng
adzan ugi kedhah enggal pamitan
3. Mlebet
lan lungguh kanthi sopan
Sak
sampunipun tuan rumah manggaaken
mlebet, kita kedhah enggal-enggal mlebet kanthi ssopan wonten ing palungguhan
ingkang dipun sediake. Ampun ningali
hiasan-hiasan ingkang wonten ing tembok, amargi andadekake kacurigaan tuan
rumah
4. Trapsila
Senajan
mertamu punika boten resmi, ananging kedhah merhathosaken
tata susila. Ngagem busana ingkang sopan . nalika disuguhi ampun kesesa dipundhut sederengipun
dimanggaken . Menawi dijak madhanng
ing ruang makan njupuk sacekape mawon . Rampung dhahar sendhok lan garpu
dikurebake ing piring lan dhaharan ing piring kudu gusis. Ampun watuk sajroning dhahar lan aja glegeken sawise rampung.
Menawa watuk utawi glegeken diempet rien
ngantos ninggalake ruang
makan.
5.
Enggal-enggal
wangsul menawi sampun jangkep urusane
Menawi urusan ingkang sampun disampeake marang tiyang ingkang dipun
tamoni, sampun jangkep enggal pamitan wangsul
supados boten ngganggu marang keluarga ingkang badhe istirahat.
Menika lah
aturan-aturan ingkang kedhah dipunperhatosaken
marang tiyang ingkang badhe mertamu , menawi aturan-aturan punika ditindhake ,
saged anggraketake marang kekerabatan
lan paseduluran.
1 komentar:
menawi karawuhan tamu, ngantos sak lajengipun dumugi pamit...
kados pundi to anggenipun njawab pamit tamu ingkang jangkep ?
nuwun...
Posting Komentar