DONGENG-FABEL
DONGENG
Kancil lan Merak

“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung
saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati
segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning
badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi
ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna
tumrapmu!”
Nanging Kancil sajak kemeren nyawang
kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur
nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku
bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka
panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan
ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya
ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!”
Senajan akeh-akeh Merak anggone
ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu
Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa
nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.
Merak gedheg-gedheg gumun karo
kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone
Merak.
“Kewan apa wae terserah sing arep
ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.
“Bisa wae, nanging mung imitasi!
Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.
“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake
bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”
“Terus kapan?”
“Udakara rong mingguan.”
“Tak tunggu, Rak, ujare Kancil
banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe
kekarepan kok nekad,, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni
kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.
Tekan dina sing dijanjekake, esuk
uthuk-uthuk Kancil wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki wis rong minggu!”
“Beres!” jawabe Merak karo nata
wulu-wulu sing wis diklumpukake,
“Gilo! Wulu-wulu wis mlumpuk, malah
wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga wis golek
tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”
“Wis gek ndang dipasang nyang
awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur
ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet.
Bareng kawawas wis ora ana sing
keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu
ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu
buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu wis kapasang
ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang
ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing
dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling
endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung
aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu
piye? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu.”“Lho, wulu-wulu kuwi mung templekan.
Cetha bakal ngebot-eboti awakmu! ”Kancil ora nggagas, malah gage pamitan. “
Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima
awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”
“Sing ati-ati, Cil,” kandhane Merak
karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku
lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang
apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong.
Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem pangguyu. Ngguyu amarga
weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda,
“Kabeh kewan padha kesengsem lan kepencut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging
sengsem, edi, lan endah mau ora suwe.
Bareng tlutuh karet mau garing,
kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel
diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku.
“Tulung! Tulung! Tuluuung!”
pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa, Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke
Kancil.
“Gage tulungana aku, saranduning
badanku angel diobahake!”
“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu
kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”
“Gelem, Rak!” ujare Kancil
nglenggana marang apa sing wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane
Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan
kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.
Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing
wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian
kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara.
Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa
metung tuna lan bathine.
-o0o-
0 komentar:
Posting Komentar