NINTHINGI CERKAK "DASAMUKA"NE DJAJUS PETE

Sepira daya pangaribawaning karya sastra bisa kasumurupan yen wis ditlesih, dionceki lan dithinthingi. Awit minangka asil proses kreatif, karya sastra ora lair mengkono bae. Mesthi ana apa-apa kang sumimpen ing walik rerakiting tembung, reroncening ukara, ing waliking jeneng paraga lan wewatakane, ing sauruting alur, apa dene ing setting/latar kang sengaja digunakake jroning karya sastra.
Mula kang saka iku pendekatan obyektif karya sastra bisa dadi pilihan. ninthingi mungguh kepriye umpamane tema, alur, wewatakan, setting, amanat kawangun ing karya sastra. kepriye bisane siji-lan sijine unsur instrinsik mau bisa manunggal dadi sranane pengarang medharake gagasane. 
Saben pamaos mesthi bae kagungan pengalaman batin dhewe-dhewe sawise ngadhepi asil susastra. Ana kang njengkerutake bathuk suwe banget, ana kang ngriyip-ngriyip, ana kang mesem seneng, mesem kecut, ngguyu, sedhih-nangis, apa malah cengar-cengir bingung dhewe. Mula ayo diwaos sing kepenak, aja mung kaping pisan. yen perlu 3-4 rambahan, karya sing apik iku ora mboseni. diwaca saiki bakal nglairake gagasan kang seje karo dhek mau, dhek wingi, apa kapan kae. ..


DASAMUKA
Djajus Pete

Anila mati
Anggada mati
Anoman klenger ketiban bindhi
Sugriwa ambruk glangsaran
Ramawijaya kendhang saka pabaratan
……………………………………………………………………….
……………………………………………………………………….

Mengkono lakon pakelirane Ki Bilung Sarawita kang gawe muntape penonton jalaran dianggep nyimpang saka kalumrahan. Penonton pating braok misuh-misuh, ngundamana Ki Bilung sauni-unine. Ana sing muni dhalang mendem ora ngerti pakem. Ana sing muni dhalang dhegleng, dhalang edan njaluk disawat tlethong kebo.
“Wis! Wis!”
“Ngawur! Ngawur!”
“Kukut, Lung!”
“Kukut, Lung!”
“Orat-arit kono gonge! Karuwan olehe kukut! Kemropok aku! Ndeleng wayang ora marem malah kudu nothok dhalange!” guneme Dul Sabrang getem-getem.
Penonton maju ngangseg, nyuraki dhalang saka cedhakan. Nanging Ki Bilung kaya wis tahan bantingan, kaya wis kuwat mentale ngadhepi gunem braokan kebak pamisuh lan poyokan.
Ki Bilung ucap-ucap, nyaritakake lelakone Sinta nalika kadhustha dening Dasamuka ing alas Dandaka. Sinta kepranan sumurup kidang kencana akulit emas. Kidang kencana iku panjelmane Kala Marica, abdi kinasihe Dasamuka kang nindakake karti sampeka supaya Ramawijaya pethal saka garwane. Adreng pamintane SInta marang garwane supaya nyekel kidang kencana iku kanggo klangenan awit warnaning kulite banget endah.
Ramawijaya mbujung playune kidang kang sedhela ngilang, sedhela ngaton ing kadohan. Saka akal julige Kala Marica mengkono mau, njalari Ramawijaya saya adoh saka garwane. Dasamuka kang wis sesingidan ana ing grumbul sacedhake Sinta wekasan bisa dhusta Sinta.
“Gampilipun Sinta kepranan dhateng kidang akulit emas suka pralambang bilih kodrating Sinta punika boten benten kaliyan wanita sanesipun, inggih wanita ingkang gampil kepranan dhateng gebyar isen-isening jagad. Mila nami boten mokal sasampunipun Sinta dhawah dhateng wonten ing panguwaosing Dasamuka ingkang abandha bandhu, saya dangu saya wudhar singseting kembenipun. Malah ing wekdal samangke, Sinta sampun anggarbini,”
Krungu antawecanane Ki Bilung sing kaya mengkono, Dul Sabrang mbengok sora,”Rusaakkk…! Rusak!  Huu..! Sinta kok ngono! Sinta kok geleman! Kuwi Sinta endi…., kuwi!”
“Dhalang njaluk disawat tlethong tenan kok!” Jan Kempul petota-petoto.
Lha hiya, apa wong-wong kene ki dianggep ora juntrut crita wayang kok didoli lakon nggedabyah kaya ngono??!” Min Kombor kresah-kresuh.
“Sing nde omah dikandhani. Omongi. Dhalang ora waras kok ditanggap. Pilih ngebari Bilung apa njaluk dikrutugi bata omahe ?!”
“Sore-sore mau critane ya kaya juntrut. Buri-buri kok ngloyor kaya dhalang teler. Aja-aja Bilung kuwi gek doyan ngombe?” grenenge bakul bakso karo nyerbeti mangkok.
Dul Sabrang, Jan Kempul, lan Min Kombor ita-itu nemoni Sura Melik sing duwe gawe sunatan iku. Nanging Sura Melik emoh disalahake.
“Kleru yen kowe nutuh aku. Aku dhewe malah ora ngerti lakon-lakon wayang. Lakone wis takbodhokake dhalange. Terserah, pokoke rame, ngono lehku njaluk sore mau”
“Ya, ramene lakon mblangkrah. Rame meneh nek omahmu dibandhemi bata wong akeh,” semaute Jan Kempul ing buri kelir panggonane Sura Melik nampa tamu.
“Ah, ya aja kaya ngono. Ngono kuwi rak jenenge arep ngrusak aku.”
“Mulane, dhalang Bilung kuwi konen leren yen ora bisa ndhalang sing bener,” guneme Dul Sabrang.
“Sik ta, aku tak melu omong. Sarehna atimu, aja padha kemrungsung,” wong tuwa aran Sura Dipa kumecap nengahi.
Ing sisihe swara gamelan ngungkung, swara penonton isih pating brengok. Mbilung…! Mbilung…! Mbilung…! Sarawito! Mbilung…! Mbilung…! Mbilung…! Sarawito! Saben jeneng Bilung diucap kaping telu sarana bebarengan, banjur diselani jeneng Sarawito kang uga diucapake bareng-bareng. Mengkono diucapake marambah-rambah njalari penonton ngguyu ger-geran.
Sura Melik njawil nom-noman supaya ngladekake wedang telung gelas. Dul Sabrang sakanca gelem dilungguhake. Darmo Dipa nerusake rembuge,” Kowe kabeh ki, semono uga aku, mung wong nonton. Bedane, olehku nonton ing jero karo jagong. Wong nonton iku yen seneng marang tontonan sing lagi ditonton, enggone nonton bisa diterusake. Nanging yen ora seneng, tinggalen mulih wae supaya gelamu ilang.”
“Wong mpun kadhung sumerep lakon mblangkrah, dugia griya nggih tetep mangkel, Mbah,” wangsulane Dyl Sabrang nglungane, ora kena dicandhet supaya ngenteni metune wedang.
Jan Kempul lan Min Kombor nututi Dul Sabrang kang wis lungguh jengkeng ing ngarepe panjak kenong. Pitakone Dul Sabrang marang panjak kenong, lakon kok dijereng dhalang mengkono iku nganggo dhasar saka ngendi?
Merga Dul Sabrang lan kancane kresah-kresuh terus, panjak kenong kang mapan ana ing sacedhake kothak wayang iku akhire wangsulan, ”Ah, niku sanes karepe pak dhalang piyambak, kok Mas. Niku rak mergi Dasamuka sing mbrengkele. Boten purun dikawonaken,”
Cckk.. kok modhel. Dhalang kok kawon kalih wayang. Kula taken saestu,” pandhesege Dul Sabrang adreng.
Panjak kenong banjur ngandhakake yen wayang Dasamuka iku digawe saka kulite bromocorah sing mati dikroyok massa ing pinggir kali Lawas. Saka bangeting kemropoke sing padha ngroyok, kaya durung lega mateni, kulite dibeset pisan. Kulite ditemu wong sing gawene yasa wayang kulit, banjur ditatah dadi wayang Dasamuka iku.
Sing dikandhani kaget pating dengongong, banjur padha nyawangi saparipolahe dhalang. Panjak kenong nindakake pakaryane nabuh. Sasuwene gendhing, Min Kombor kumecap, “Eh, malati napa wayang ngoten niku?”
“Pripun angsale mastani, wong nyatane saged mengaruhi dhalang.”
“Mengaruhi pripun, ta?”
“Wayahe Dasamuka kawon, pak dhalang kados kesurupan ngantos lakune crita kwalik-kwalik kados ngoten niku,”
“Wayang saged mbentokaken dhalang ngoten kok taksih dingge ta? Kok boten diselehke mawon?” grenenge Dul Sabrang.
“Niku wau sedaya pengrawit nggih kaget. Nanging pak dhalang mpun kebacut mbandhang, boten kenging dielikaken. Mpun boten karepe piyambak. Akhire sedaya pengrawit nggih sami mendel, butuhe terus nabuhi ngoten mawon,”
“Niku wayang pundi ta? Napa betane dhalang?”
“Niku napa sing gadhah. Rasukan lorek niku,” wangsulane panjak karo nudingake tabuh kenong menyang arahing klambi lorek kang lungguh sacedhake panjak gender.
Dul Sabrang sakancane ibut ngandhakake critane panjak kenong marang penonton. Saka cepete rembug gethok tular, penonton dadi ngerti yen lakon kang dianggep nyimpang saka kalumrahan pakem iku ora saka lupute dhalang. Swara braokane penonton dadi sirep. Ombyake penonton saya ngangseg maju bareng wayang Dasamuka diwetokake maneh. Penonton butuh nyawangi Dasamuka mau saka cedhakan.
Dasamuka ngguyu ngakak karo nebah dhadha, “Ha ha ha ha …! Ya bandhaku…! Ya donyaku..! Marem atiku…Mann…! Lega penggalihe pun Rama, ..Jiitt… Ramawijaya modar! Anoman bangka!”
“Sinaosa Ramawijaya saha Anoman taksih gesang keplajeng wonten ing wana.. nanging sampun pepes, sampun risak kekiyatanipun. Kasembadaning anak Prabu angrengkuh dhateng dewi Sinta minangka tandha yekti bilih boten wonten sedya ingkang nglengkara kagayuh menggahing anak Prabu..,” wuwuse Patih Prahastha kang kapernah bapa pamane.
“Nggih..leres andika..Maannn..sareng Sinta kelampahan dados bojo kula, hmm… jagad iki katone saya padhang gumrining kebak kanikmatane urip. Rak, ya ngono ta, Ndhuk Sinta ?”
“kasinggihan, kula namung ndherek sakersa, Paduka.”
“Rama Dewaji malah saged nyuwak cariyos lami ingkang nyariyosaken bilih negari Alengka rebah risak. Mangka nyatanipun boten. Tembok Alengka boten gempal boten gempil. Rama Dewaji taksih meger-meger ngembat pusaraning praja, boten gugur kasambuting jurit kados ungelipun pustaka seratanipun pujangga Walmiki,” panyelane Indrajit.
“Iku rak dongeng saka mblakraking pangangen-angene Walmiki. Mula sengitku marang Walmiki kepati-pati. Walmiki pancen bangsa keparat, banget anggone ngasorake kawibawaningsun. Umpama menus Walmiki isih urip, oo.. mesthi tak tugel gulune. Mula Jit..rungok-rungokna..tiling-tilingana..!”
“nggih kadospundi..?”
“Sapa wae…ora preduli mantri bupati..manggalaning praja, yen ana sing ngurip-urip dongenge Walmiki, patenana!” sumambunge Dasamuka sereng sora mamerake panguwasane.
“Nggih.”
“Majalah-majalah, yen ana sing ngemot kaya dongenge Walmiki..rangketen redakture!”
“Boten dipun pejahi..?!”
“Pateni..!!”
Wataking Dasamuka kang brangasan sawenang-wenang mengkono iku gawe sengite penonton. Satemah ana kang nylemong kebak pangigit-igit, yen wayang Dasamuka iku antuk dituku, arep diremuk nganti ajur. Rembug mengkono iku cepet ditanggapi gethok rambat satemah kabeh penonton lan bakul-bakul padha sayuk nyawiji, gelem urunan wragad yen wayang siji kuwi oleh dilironi dhuwit.
Dul sabrang dietutake sawetara penonton banjur nyaketi panjak kenong. Kajat niyate masyarakat penonton dikandhakake supaya diterusake mnyang sing duwe wayang.
Sing duwe wayang ora kabotan wayange dituku. “Kula culke janji puruh kalih atus ewu rupiyah.”
“Pinten-pinten purun. Nanging anu, menawi sampun tancep kayon, kula sedaya niki mpun boten butuh,” guneme Dul Sabrang
“Nggih, gampil,”
Wayahe wis nyedhaki gagat rahina, tandhange sawetara uwong sing makili penonton dadi sarwa cepet. Gage anggone ngubengake baskom, lengser, panci utawa apa wae sing kena kanggo wadhah nampani dhuwit. Akeh sing mung urun Rp. 25,- utawa Rp. 50,- Mbah Grontol, bakul grontol sing anggone dodol direwangi kadhemen sendhen pager mung antuk bathi Rp. 450,-, eklas urun Rp. 75,-
“Aku ya mangkel, Le. Satriya apik-apik nglabuhi bebener kok padha kalah,” guneme Mbah Grontol.
“Eh, thik Mbah Grontol ngerti satriya,” trumanggape sing ngethungake baskom, nampani dhuwit lawen telung iji.
“Lho ngerti, Le. Saka kulinaku dodol ing pewayangan njalari aku apal lakon-lakon wayang. Sing ora ngerti lhak bocah-bocah enom saiki, senengane dhangdhut.”
“Eh, Mbah Grontol thik isa ngritik.”
Merga ki Bilung wis dirembugi sing duwe wayang, Ki Bilung api-api ora weruh kalane tangane Dul Sabrang njabut Dasamuka iku. Penonton keplok mawurahan, banjur gemrudug suk-sukan ngetutake Dul Sabrang menyang tengah latar wayah srengenge rantak-rantak.
Dening Dul Sabrang, Dasamuka iku terus disawatake mendhuwur. Kabeh penonton padha ndhangak patring braok, tangane padha ngracung. Tibane Dasamuka tinampan rasa pangigit-igit. Dasamuka kang ngudi kamelikan, pekareman, kanikmatan, kamukten, lan kawibawan, ajur dirusak rame-rame. Dieneng-eneng, ditarik ngiwa-nengen. Diuntir-untir, diprekes, dikeplek-keplekake, ditekuk-tekuk nganti tangane padha putung kabeh. Senajan rupane wis ora rupa wayang, ewasemono isih digejugi, banjur dipetelake ing ndhut-ndhutan gupakan kebo.
Swara gumerahe penonton ngalahake ramene gendhingayak-ayak pamungkas, tandha tancep kayon. Darmo Dipa kang jagong ngebyar lagi metu saka omahe Sura Melik sawuse nyeselake amplop buwuhan menyang esake sing duwe gawe.
Weruh Dul Sabrang isih kinupeng sawetara penonton ing ratan ngarepan, Darma Dipa kumecap, “Piye? Wis padha marem?”
“Plong!”
**
Ki Bilung Sarawita dhalang nylelek saka tlatah Bojonegoro ndhalang maneh ing wewengkon kono. Lakone padha persis kaya nalika mayang ing omahe Sura Melik. Penonton akeh sing ambrol mulih, wegah ndeleng lakon kang dianggep mblangkrah. Dul Sabrang unak-unuk nglabrak panjak kenong.
“Niki mesthi mpun kethikan kalih sing gadhah wayang kajenge Dasamuka niku ditumbas melih. Nggih ta?”
“Lho..Lho…Sampeyan niku dados tiyang kok boten sabaran. Kulite bromocorah sing kula kandhakaken nika dados Dasamuka Kalih.”
“Ahh…Sampeyan mpun ngarang crita!”
“Sing Sampeyan jabut nika rak Dasamuka wanda begal. Sing niku senes. Wandane wayang niku rupi-rupi. Mang setitekaken, wandane rak benten.”
“Wong kok arep diapusi melek-melekan. Cekake kula boten ngandel!”
Merga dianggep ngganggu pakaryane pengrawit, ana Hansip sing terus nggeret Dul Sabrang diajak nyingkrih. Sing digeret mogok karo isih ngempo-ngempo. Dul Sabrang lagi gelem mundur sawise dijawil darma Dipa, tokoh masyarakat sing banget disungkani dening wong desa kono.
Dul Sabrang diajak menyang panggonane bakul wedang, banjur digunemi,”Marem iku pancen larang regane. Regane sok ora kubuk karo pikolehe kemareman sing ora langgeng. Marem, bungah, susah, lan mangkel, cuwa lan muring iku wis dadi pirantining urip. Maremmu ilang, saiki kowe mangkel maneh, muring maneh bareng weruh Dasamuka isih ana.”
“Nanging niku genah akal-akalan.”
“Embuh mung saka akale dhalang njarag gawe lakon kaya ngono, embuh pancen dhalange kesurupan tenan, aku ora bisa ngarani. Sing genah, kowe sakancamu ora bisa ngilangi Dasamuka jalaran dasamuka iku wis dadi isen-isene wayang. Wayang sakothak yen ora ana Dasamukane, jenenge ora komplit.”
“Lho inggih, kula ngertos. Ning Dasamuka iku kudune rak kawon nek nurut pakem. Pakem wis apik-apik kok dirusak,” wangsulane Dul Sabrang karo ngiling wedang panas ing lepek.
“Pakeme ora apa-apa. Ora rusak, ora suwek. Kowe weruh ngono wae wis kemrungsung, nganti Sura Melik sing ora weruh jawane arep kok amuk. Mangka ing urip saben dina iki, apa ya wis apik nurut pakem? Nyatane pakem disampar, disandhung, diteraki ngalor ngidul.”
Dul Sabrang ora wangsulan. Sing keprungu swara banter guyu ngakake Dasamuka ing pakeliran kang mung diadhep indrajit.
“Ha ha ha ha ha…! Ya bandhaku..! Ya donyaku..! Jit, anakku naanggg….”
“Nggih, kados pundi rama dewaji?”
“Kowe warisku ya, naanng. Kowe sing takgadhang nglintir keprabone pun rama. Nanging kowe aja kesusu jalaran manut petungku, isih perlu ngenteni mangsakala kang becik.”
Indrajit sumanggem. Saka bungahe, Indrajit banjut ngambung dlamakane ramane kaping pitu.


                                                                                       Jaya Baya No. 19/5 Januari 1992
                                       (saking “Kreteg Emas Jurang Gupit-Antologi Crita Cekak Djajus Pete)

0 komentar:

Copyright © 2013 JIWA - JAWA - JAWI