MAKALAH KBJ V : TEMBANG DOLANAN LAN BUDI PEKERTI

 Tembang Dolanan Anak - Anak Berbahasa Jawa
Sumber Pembentukan Watak Dan Budi Pekerti
Yuyun Kartini, S.Pd.
Balai Bahasa Surabaya


Abstrak
Tembang dolanan anak berbahasa Jawa memiliki nilai-nilai luhur budaya nasional. Namun sayangnya, tembang dolanan anak-anak berbahasa Jawa pada saat ini kurang mendapatkan perhatian dari pemerintah maupun instansi terkait. Pada akhirnya anak-anak sekarang kurang mengenal tembang dolanan Jawa sehingga tembang dolanan berbahasa Jawa ini kurang diminati dan tergerus oleh zaman. Makalah ini akan memaparkan beberapa aspek tentang makna teks yang tersirat dalam tembang dolanan anak berbahasa Jawa, seperti nilai religius, nilai kebersamaan, nilai kemandirian, instropeksi, dan kerendahan hati (tidak sombong)   Dengan muatan beberapa aspek tersebut secara tidak langsung tembang dolanan anak berbahasa Jawa menyimpan beragam nilai luhur yang berakar pada budaya bangsa Indonesia khususnya Jawa. Dalam upaya untuk membangun jatidiri dan karakter bangsa, tembang dolanan anak berbahasa Jawa perlu dikenalkan kepada generasi muda khususnya anak-anak. Mereka adalah pemegang tongkat estafet perjalanan kehidupan berbangsa dan bernegara. Bila mereka kurang pemahaman dan pengalaman pada potensi seni budaya bangsa dikhawatirkan kelak bangsa ini akan kehilangan jatidiri dan karakter yang berbudi luhur.
Kata Kunci: tembang, dolanan, nilai religius, kebersamaan, kebangasaan, estafet karakter.
1. Pengantar
Negara Indonesia merupakan negara yang terkenal kaya akanl berbagai macam budaya dan kesenian. Kekayaan budaya dan kesenian yang dimiliki bangsa Indonesia merupakan suatu kebanggaan dan aset bangsa. Semua negara di dunia telah mengakui akan kekayaan yang dimiliki bangsa Indonesia . Bahkan ada negara tetangga, seperti Malaysia berusaha merebut dan mengakui salah satu kebudayaan yang dimiliki bangsa Indonesia sebagai kebudayaan mereka. Hal itu tidak boleh dibiarkan, jika ini terjadi maka bangsa Indonesia akan kehilangan salah satu aset bangsa. Sebagai warga negara yang cinta dan peduli akan kebudayaan tersebut, maka hendaknya selalu berusaha untuk menjaga dan mempertahankannya. Oleh karena itu, warisan nenek moyang tersebut perlu dilestarikan agar tidak punah tergerus oleh perkembangan zaman.
Perubahan dan perkembangan zaman terjadi semakin pesat, hal ini ditandai dengan semakin canggihnya alat-alat elektronik yang mengakibat terkikisnya kebudayaan warisan nenek moyang yang menyimpan nilai-nilai luhur bangsa. Warisan kebudayaan tersebut meliputi bahasa, adat-istiadat, dan kesenian daerah. Hal ini dapat dilihat dari beberapa kesenian daerah yang pada saat ini banyak yang hilang bahkan hampir punah. Salah satu contoh kesenian daerah tersebut adalah tembang dolanan anak berbahasa Jawa.
Tembang dolanan berbahasa Jawa merupakan sarana untuk bersenang-senang dalam mengisi waktu luang dan juga sebagai sarana komunikasi yang mengandung pesan mendidik. Contoh tembang dolanan yang dimaksud adalah cublak-cublak suweng, jaranan, padang bulan, ilir-ilir, dan masih banyak lagi. Tembang dolanan anak merupakan suatu hal yang menarik karena sesuai dengan perkembangan jiwa anak yang masih suka bermain, didalamnya juga mengandung ajaran-ajaran atau nilai-nilai moral budi pekerti. Dr. Suharko Kasaran, (Ketua Komisi Nasional Budi Pekerti) mengatakan bahwa apabila anak kurang/tidak dibina pendidikan budi pekerti sedini mungkin, pada umur 14 tahun anak itu akan mengembangkan sikap destruktif (cenderung ke arah brutal). Kurangnya pembinaan atau pedidikan budi pekerti dibuktikan banyaknya kejadian di usia remaja dan dewasa atau tua seperti kenakalan remaja, tawuran massal, pelecehan seksual, dan sebagainya (wawancara Buletin Siang RCTI, 11 Mei 1999).
Menurut Riyadi (dalam Djaka Lodang, 5 Agustus 1989) memerinci sifat lagu dolanan anak-anak yaitu bersifat didaktis dan sosial. Didaktis artinya lagu dolanan itu mengandung unsur pendidikan, baik yang disampaikan secara langsung dalam lirik lagu atau disampaikan secara tersirat, dengan berbagai perumpamaan atau analogi. Salah satu keahlian orang Jawa adalah membuat berbagai ajaran dengan berbagai perumpamaan. Sosial artinya bahwa lagu dolanan memiliki potensi untuk menjalin hubungan sosial anak dan menumbuhkan sifat-sifat sosial.
Pada dasarnya lagu dolanan anak bersifat unik. Artinya, berbeda dengan bentuk lagu/tembang Jawa yang lain. Menurut Danandjaja (1985:19) lagu dolanan anak ada yang termasuk lisan Jawa, yaitu tergolong nyanyian rakyat. Sarwono dkk (1995: 5) menjelaskan bahwa lagu dolanan memiliki aturan, yaitu

1. bahasa sederhana,
2. cengkok sederhana,
3. jumlah baris terbatas,
4. berisi hal-hal yang selaras dengan keadaan anak.

0 komentar:

Wangsalan

dening Th. Carrera

Wangsalan yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean, kaya dene cangkriman utawa tebakan (Heru Subroto : 2010). Tembung ‘wangsalan’ nunggal teges karo ‘wangsulan’. Ing sajroning wangsalan ngemu unen-unen, lan unen-unen iku mbutuhake wangsulan minangka batangane.
Wangsalan ana kang kaprah lan tinemu ing paguneman padinan lan mengku karep tartemtu, tur saben wong ngerti karepe. Yen ana wong muni: ‘Eh, bocah cilik mono aja ngroko cendhak’, sing diajak guneman ngerti, karepe ‘aja neges-neges’, rokok cendhak iku tegesan. Ana wong martamu, sing duwe omah mbagekake karo celathu: ‘E, njanur gunung temen!’, karepe ‘kadingaren’. “Janur gunung” bedhekane “janur aren”. Ana bocah ngaku-aku duweking liyan, banjur disendhu: ‘E, aja ngedom kreteg!’. “Dom kreteg’ iku ‘paku’.
Wangsalan uga akeh tinemu ing kasusastran, lumrahe rinakit ing basa pinathok tur rinengga. Ana uga kang sinawung ing tembang Macapat. Ing seni karawitan sok kanggo umpak-umpak ing gendhing. Tuladhane:
1.      Wangsalan padinan
Isih enom kok njangan gori. (jangan gori = gudheg)
Ditakoni malah ngembang suruh. (kembang suruh=drenges)
We, kok banjur ngewoh kesambi. (who kesambi=kucacil)
2.      Wangsalan kang rinacik ukara
Ayam wana, ywa nasar tindak dursila. (bekisar)
Balung janur, nyata sira mangka usada. (sada)
Balung klapa, ethok-ethok ora priksa. (bathok)
Balung ula, dakgagas gawe rekasa. (gragasan)
3.      Wangsalan kang dumadi saka rong ukara utawa rong gatra. Gatra kapisan minangka wangsalan (cangkriman), ukara kapindho minangka bedhekane utawa wangsulane.
Tuladha:
Gentha dara, ari Senen basa kuna. (sawangan; Soma)
Sawangane, narima asrah ing jiwa.
Ancur kaca, kaca kocak munggwing netra. (banyu rasa; tesmak)
Den rinasa, tindak mamak tan prayoga.
Ari Sena, Sena gelung minagkara. (Arjuna; Wrekodara)
Puji arja, mrih antuk sihing bandara.
4.      Wangsalan sinawung ing tembang
Sinom
Jamang wakul Kamandaka,
kawengku ing jinem wangi,
kayu malang munggeng wangan,
sun wota sabudineki,
roning kacang wak mami,
yen tan panggih sira nglayung,
toya mijil sing wiyat,
roning pisang leash ing wit,
edanira tan waras dening usada.
(Babad Pasir: IV.4)

Kinanthi

Sastra pangandheging kidung,
sudarma Basudewaji,
ngestu pada mring kusuma,
manjanma ping sakethi,
pusara pangiket gangsa,
tumutur tan sedya kari.

(Mangkunagara IV, Manuhara: II, 11)

0 komentar:

TEMBUNG ENTAR LAN TEMBUNG SAROJA

D.    Tembung Entar lan Tembung Saroja
Tembung Entar diarani uga tembung silihan. Tembung Entar yaiku tembung kang nduweni teges ora salugune amarga disilih/digawe kanggo ngandhakake bab kang seje.
Tuladhane tembung entar iku ing antarane kaya ing ngisor iki :
Jembar segarane                 = sugih pangapura, sabar
Panas atine                        = nesu, muring
Atine kari samenir = kuwatir banget
Sumpeg atine                    = susah
Padhang pikire                  = seneng
Pedhes tembunge               = gawe serik, gawe lara
Cilik atine                          = jirih

Tembung Saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha artine dianggo bebarengan. Gunane tembung saroja iki kanggo mbangetake lan nembah kaendahan.
Tuladhane tembung saroja yaiku :
mati lampus                                               guyub rukun
dhawuh pangandikan                               babras bundhas
anteng jatmika                                           blaka suta
was sumelang                                            sari pathi
solah tingkah                                             ayu sulistya

Garapan :
  1. Goleka tuladhane Tembung entar saka ing wacan dongeng utawa sumber liyane, lan terangna tegese !
  2. Goleka tuladhane tembung saroja saka ing wacan dongeng utawa sumber liyane sing kokweruhi !
3.   Gawea ukara nganggo tembung entar !

4.   Gawea ukara nganggo tembung saroja !

0 komentar:

Copyright © 2013 JIWA - JAWA - JAWI