NINTHINGI "EJAAN" LAN UNGGAH-UNGGUH*
PACELATHON ING NGISOR IKI AYO DITHINTHINGI "EJAAN" LAN PANGANGGONE UNGGAH-UNGGUHE !
ORA SIDO
(karya : ALFI LAN MALIKA)
Anak : “bu ibu…”
Ibu : “ana apa ta nduk?”
Anak : “bu, panjenengan manapa siyos dateng
dhaleme budhe?”
Ibu : “Sido”
Anak : “Mbenjing menapa niku bu?”
Ibu : “Kamis isuk, ana apa ta?”
Anak : “Kula tumut nggih bu?”
Ibu : “Lha gak sekolah ta?”
Anak : “kula tak mbolos bu?”
Ibu : “Lho, yen pelajarane ketinggalan piye?”
Anak : “Mboten menapa-menapa bu..”
Ibu : “Lho, ya gak oleh ngunu ta nduk, mengko
kowe dewe sing rugi.”
Anak : “Ealah bu bu…mbolos pisan ae gak oleh.”
Ibu :
“Ya gak ngunune nduk. Yen sampean mbolos iku lho sampean dewe sing repot. Bapak
mesthine ora ngolehi.”
Anak : “Lha aku kepengin melu bu..”
Ibu : “Ya mben ta nduk nek wis prei, mrono
bareng-bareng.”
Anak : “Kula pengine sakniki bu.”
Ibu :
“Saiki sekolah, sekolah sing pinter. Ben dadi kebanggaane bapak ibu mu ya, mben
nek preian mrono bareng-bareng.”
Anak : “Nggih bu.”
Ibu : “Ngunu ta…wis belajar apa durung nduk?”
Anak : “Dereng bu, mboten enten PR kok”
Ibu : “Lho, senajan ora ana PR ya tetep sinau
ta nduk, ben pinter.”
Anak : “Nggih bu, mantun niki kula sinau.”
*Ninthingi = menganalisa; sing dithinthingi biasane ricikan gamelan, diukur endhek dhuwure swara wis cocog apa durung.
*Ninthingi = menganalisa; sing dithinthingi biasane ricikan gamelan, diukur endhek dhuwure swara wis cocog apa durung.
0 komentar:
Posting Komentar