WAH BLOGKU ILANG
Wayah awan nalika den mas lagi leren sawise mulih saka kantor. karo ngiling kopi pait sing isih kumebul, nyoba dibukak laptop-e. alamat tinulis kanthi cetha. akun mengkono uga, we ladalah..!! lha kok ana sing nguthak-uthik akun iki gek kepriye??
Den mas dadi rada njelu tenan. kamangka wayahe 'ngunggah' tulisan. mesthine bala mitra akeh sing nunggu. sebab wingi kangsen, "mangke prangkat lan sedayanipun kula unggah ing blog bapak, ibu,"
yen saiki jebul ngadhat..wah sida gawe gela iki.
nanging ya iku nyambut gawe apa bae yen kesusu iku ora becik dadine.
malah ora tinemu pikolehe, dadi saya njendhel kaya benang ruwet kecemplung ing godhogan tetes. mbouwleet.
Tujune Gusti Kang Akarya Jagad lan Maha Welas isih kersa nampa pandongane sing padha ngenteni lan ndremimile den mase.
jreeeng... mara kabeh mau ilang. kaya ana gambar widodari mesem.
akun bisa dislametake. alhamdulillah Gusti.
kula nyuwun pangapunten sedaya kalepatan...
muga-muga bisa dadi mupangat lan kaberkahan... amiin..

0 komentar:
Posting Komentar