NINTHINGI GEGURITAN
‘’WONG JAWA’’ Anggitane Suripan
Sadi Hutomo
Dianita/D.442
1.
Tema : “Piwelingan Marang Budaya Jawa”
utawa “Budaya Lan Sastra Jawa” utawa “Keragaman Budaya Jawa” utawa “Kabudayan”
2. Suasana
: Sedhih, Nelangsa, Ora terima lan Susah
amarga tumindak e manungsa jaman saiki kang ora eling marang budayane.
Buktine
: wong jawa aja jawal
jawa
jawal jawane kadhal
apa sliramu jawa, mitraku
geneya kok ngiris atiku?
3. Diksi
:
Wonten basa kang ora gampang dingerteni marang awakedhewe
ingkang nembe pamula, la nana kang nggawe basa ngoko alus kang sabagiyan e bisa
dimengerti panegesane. Ana pangulangan padha, ing padha pambuka lan ing padha
panutup.
Tuladhane
:
wong jawa aja jawal
jawa jawal jawane kadhal
apa sliramu jawa, mitraku
geneya kok ngiris atiku?
4. Citra
:
a.
Pengrasa
(saking gatra “geneya kok ngiris atiku”)
b.
Penetra/Paningalan/Panyawang
(saking gatra “yen kok semak buku filsafat”)
5. Rima
:
·
Padha
1 : aabb
·
Padha
2 : aabb
·
Padha
3 : aaaab
·
Padha
4 : abb
·
Padha
5 : aaaabb
·
Padha
6 : aabb
6. Purwakanthi
:
a.
Purwakanthi
swara, saking gatra:
Wong jawa aja jawal
Jawa jawal jawane kadhal
b.
Purwakanthi
sastra, ngagem tembung kawi saking gatra:
‘’Sinebut sinubya ukara’’
7. Amanat
:
a.
Awake
dhewe wong jawa ojo lali marang tata karma lan falsafah urip kita tumrape dadi wong
jawa sejati.
b.
Wong
jawa kudu eling marang budaya lan tata karma wong timur, ojo melu lan
kapangaruh marang budaya barat ingkang ora bisa ngeregani awake dhewe lan
ngeregani wong liya.
0 komentar:
Posting Komentar