Pepenget !




1.   Wis akeh buktine yen rusake bangsa, negara iku amarga padha nglalekake budayane.
2.   Akeh uga para mudha kang wiwit isin lan gengsi marang luhure kabudayane. Kang mangkono aja dieloni, sebab padha karo nyelaki bukti kaluhuran, lan adiluhunge budayane dhewe.
3.   Budaya iku luhur sebab tansah tumuju marang kebagusan, kautaman. Ora ana budaya Jawa kang muruki anak wani marang wong tuwane, murang tata marang gurune.
4.   Wong manca negara –akeh-akehe para pinter lan sarjana, dudu wong biasa- padha kepilut lan kebacut tresna marang budaya jawa, apa’a awake dhewe malah arep ninggalake?
5.   Wong manca kang padha nyinau budaya Jawa akhire dadi bisa. Sejene wong Jawa yen ora gelem nguri-uri ya bakal lali, nganti ora nduweni apa-apa saka sugih lan luhure budaya Jawa. Sapa sing kepengin urip tanpa jatidhiri???

0 komentar:

Copyright © 2013 JIWA - JAWA - JAWI