cerita misteri - SEGA SAPELANG
dening Supriyoko
Kanciludin isih kelingan nalika wingi sore mulih saka mesjid bareng karoDhe Banyak sing lagi ping lima munggah kaji. Jarene urip mung pisan ora bisa dibaleni maneh, manungsa mung saderma titah. Urip sugih lan mlarat kuwi jare pacobane Gusti Allah, mula sing sabar. Dheweke meneng wae ora semaur, mung batine sing nyuwara. Sing kandha iku gundhulmu apa gundhulmu. Awit dheweke lan tangga-tanggane kerep weruh, ana gundhul mlebu metu saka omahe. Mula wong iku banjur karan kaji gundhul.
Tangga-tanggane uga akeh kang cluluk kerep kelangan dhuwik. Yendheweke lagi ping pisan, eketan ewon loro sing diseleh neng ngisor klambilemari kari siji, kamangka iku dhuwit utang-utangan kanggo nukokake klambi anake. Wong kok ora mekakat temen kongkonan ingon-ingone njupuk dhuwik neng wong sing ora gableg. Geneya kok ora njupuki dhuwike wong-wong sing tukang korupsi kae.
“Piye mbok dhuwike ilang,” ngono kandhane marang sing wedok.
“Lha piye eneh pancen ilang, wis ben pake anake wae dikandhani wae ra sah tuku kaos bal-balan.”
Dheweke lan sing wedok padha meneng, keli ing angen-angene dhewe. Urip tinitah dadi wong mlarat, nyambut gawe mung dadi buruh macul. Omah gedheg wis padha mobol-mobol. Gendheng ya wis padha trocoh ing wanci rendheng ngene iki.
Rembulan wengi ilang sunare lintang-lintang mblereg. Udan ceblok saka langit. Kanciludin njupuk ember amoh kanggo nadhahi trocohe banyu udan. Wengine lumaku alon, alone wektu saya nambahi donyane peteng. Kaya petenge atine.
Nalika mapan ing amben galar kang mung lemek klasa sing wis amoh iku, dheg dheweke kelingan buntelan sega awan mau. Sega sabuntel wewehan saka lik Banyak. Krengkang-krengkang dheweke tangi. Praupane katon cuwa kelingan sega sing kelalen.
“Neng endi pak,” sing wedok takon.
“Wis mbokmu turua anakmu kelonana, aku taknunggu ember sing kanggo tadhah trocoh,” alesane marang sing wedok.
Dheweke mara neng pawon, lampu teplok sing cementhel neng paku sandhing lawang sing tumuju pawon disumet. Kresek ireng isi buntelan sega cementhel neng paku cagak pawon. Disawang kresek kuwi, tuwuh getune. Angkluh atine.
Pancen awan mau nalika buruh macul neng sawahe dhe Thilang. Pas wanci mangan awan jatahe iku sega pelangan buntel godhong jati. Lawuhe eneng iwak daging sairis lan tempe goreng loro. Sing dipangan mung segane wae lan iwake diwadhahi kresek awor sega wewehan saka lik Puter, karepe ati arep digawa mulih supaya kanggo lawuh anake engko sore.
Kresek ireng isi sega iku diranggeh, dijupuk buntelane. Bitinge didudut, dibukak lan diambu segane. Mesthi wae ya wis mambu. Buntelan kuwi diseleh neng meja pawon, lan dheweke lungguh neng kursi kayu sing wis hoyag-hoyig. Tangane njupuk daging sing rong iris sing isih amba ilat kuwi diseleh piring cilik sing ana ing sandhinge. Awit ya mung iku sing kena dipurih.
Dheweke unjal ambegan landhung, nyuntak rasa nelangsa. Pikirane nglangut ngelingi uripe. Sedina apes ping pindho dhuwik ilang, sega buntelan sing mambu, kathik wengi iki udane deres. Mula dheweke bola-boli nyolan-nyaline adhah trocohan, lan nyuntak banyune neng njaba. Udane saya deres, saya deres uga tekane panalangsane.
Nalika dheweke arep lungguh ing kursi. Dumadakan lampu teploke rada mobat-mabit. Batine kok aneh temen kamangka ana sempronge. Wengi iku najan udan deres nanging tanpa angin. Umpamaa ana angin mokal genine mobat-mabite kaya ngono. Wis genah iki ana sing ora lumrah. Apa ana barang alus sing nganggo dolanan kanthi disebuli utawa ditepasi. Lampune teplok panggah disawang. Karo lambene ndremimil ndonga. Embuh piye dongane. Dheweke njenggirat weruh kemliwere bocah cilik neng ngisor teplok.
Najan remeng-remeng nanging katon bocah cilik sapantaran anake. Kathokan putih ote-ote sirahe gundhul. Tangane sajak ranggeh-ranggeh. Nanging apa sing diranggeh Kanciludin ora ngerti. Meruhi kahanan kaya ngono, angen-angen banjur tumuju marang dhe Menthok gundhul. Genah iki mesthi ingon-ingone dheweke.Lampu teploke saya nemen mobat-mabite. Dheweke saya genah anggone nyawang.
“Awas dhe Menthok takcekel ingon-ingonmu,” kandhane karo njupuk rinjing sing nyenthel gedheg sandhinge.
Tangane grayah-grayah wadhah bumbon, tangane nyandhak wadhah uyah banjur rinjing diusapi uyah nganti rata. Embuh karepe piye, dheweke jane ya ora ngerti. Mung sing dadi karep arep ngrangket gundhul kuwi kanthi dilebokake rinjing. Jebul rekadayane kasil, kanthi laku sing alon lan ngati-ati lan lambe ndremimil gundhul kasil dikurepi rinjing.
“Apak ... apak. Aku ola isa etu.”
Keprungu sambate sing neng njero rinjing Kanciludin ora nggagas. Malah ketok bungah, esem diumbar sumringah.
“Modhara kowe Ndhul lan dhe Menthok,” kandhane sajak marem.
Bebarengan karo lerene udan Kanciludin lagi bisa merem. Turu sandhing rinjing sing njerone Gundhul sing nangis ndrenginging. Nanging beda banget karo sing dialami dening wong sing gundhule kecekel kuwi. Sewengi utuh ora bisa turu. Senthong tengahe isih mbukak. Menyan wis ilang ganda lan kukuse.
Esuke nalika tangi, isih keprungu tangis saka njero rinjing. Tujune anake wis diparani simbahe jare arep dijak neng pasar. Dadi ora weruh yen ana Gundhul sing ditutupi rinjing neng pawon. Kanciludin meling bojone rinjing sing mengkurep neng pawon kae aja dibukak. Sing wedok takon, nanging ora diwangsuli. Malah kongkonan njaluk wedak bayi sajumput neng tanggane sing lagi bar babaran.
“Kowe luwe ya? Dandan sik engko lagi sarapan,” kandhane Kanciludin karo ndhodhog neng sandhing rinjing.
Sing wedok teka, wedake dilungake sing lanang. Lan meling sing wedok kon ndang budhal buruh neng sawahe lik Dara Jambul.
Sapungkure sing wedok, Kanciludin ngupakara sing neng njero rinjing. Wedak bayi banjur disawurake ing sandhuwure rinjing. Liwat cepitane nam-naman rinjing wedak mawur rata ngeneki awake Gundhul. Wis nggantheng saiki kowe ngono kandhane. Lan cekekal ngadeg njupuk sega sing wis jemek.
“Kowe taktulungi ananging kudu manut aku,”
“Iya pak.”
“Wegah nek pak, iya om Udin.”
Sing dikongkon manut wae. Rinjing dibukak sithik, sega jemek dilebokake. Krungu swara enak om segane. Sega jemek sing dilungake wis gusis, kari godhonge. Pancen Gundhul kere, batine Kanciludin.
Ora antara suwe rinjing dibukak. Kanciludin ngguyu ngakak nanging bareng weruh rupane Gundhul sing pating clontheng, guyune kandheg. Gundhul sing digething, nanging bareng gluprut wedak tuwuh rasa welase.
“Sik yahmene akeh wong sing budhal nyang pasar, rada awan sithik engko takulihake.”
“Jam ila om, dhuwikmu seket ewu jik neng sak kathokku lo om?”
Kanciludin ngguyu, Gundhul kok ya tekok ngenani jam lan nggandhakake dhuwike sing dicolong kae isih digawa. Lan uga ora nyokot bendarane. Iki sing gawe gumune. Beda nalika dheweke krungu berita-berita neng TV kasus korupsi. Wong-wong sing padha kecekel, padha selak malik ilat.
Kanciludin kaget dumadakan ana sing ngandhani menawa dhe Banyak mati tiba neng sawah. Lan iki layone isih digawa neng BP. Wong-wong kene yen ngarani Puskesmas ya kanthi sebutan ngono kuwi. Kanciludin njenggirat gage ngadeg. Banjur mara menyang BP. Lali karo sing neng njero rinjing.
Tekan BP ing kono wis rame, umyeg. Swarane padha pating clebung ora karu-karuwan. Ana sing tekok endi kluwargane, endi dulure. Malah eneng sing kandha, mati wae kok dadak neng sawah. Polisi samontor uga teka, awit sing disamari matine dhe banyak merga dipateni wong. Nanging bareng entuk katrangan saka dokter BP, polisi iki langsung ninggalake BP.
Yu Banyak sing lagi teka weruh bojone wis kaku neng dhipan UGD, banjur semaput dadi rubungan, didhabyang diturokake ing dhipan ruang sebelah. Anake sing dadi lurah neng desa Punthukdara lagi teka. Layone bapake sing dikrubuti jarek ditubruk karo nangis. Bapake diceluki kaya dene anake yen nggoleki dheweke pas ora eneng omah ngana kae.
Kanciludin nyedhaki.
“Wis Ngur aja ditangisi, bapakmu wis ora ana,”
Banjur Kanciludin ngongkon supaya enggal bali tata-tata omah. Amarga ngesakake engko sing padha nglayat ora ana sing manggakake. Lik Banyak sing wis sadhar mulih bareng Blengur. Sadurunge mulih Blengur nggawani dhuwik sagegem kanggo biaya neng BP. Kanciludin nampani kanthi praupan kang nggawa rasa welas marang Blengur.
“Montormu ben disopiri kang Bayan Baya wae.”
Karo ngenteni pangupakarane layon, Kanciludin lungguh neng emperan BP. Ngumpul karo wong-wong sing umyeg ngrembug matine dhe banyak. Ngomong manut versine dhewe-dhewe. Ana sing kandha pancen dhe Banyak nduweni lara stroke. Eneng sing kandha angin dhudhuk. Terus Gundhule melu sapa. Embuh endi sing bener. Nanging sing genah dhe Banyak saiki wis mati.
Dheweke uga kaget nalika Walang tekok, jare dhuwike leh utang neng dheweke kae ilang. Ditakoni kok eruh saka sapa. Wangsulane Walang jare saka bojone. Kanciludin mung mesem manthuk tanpa nambahi rembug.
“Nggo sangu mati Cil,” kandhane Walang sing njalari aku mak plenggong.
“Pancen apesku,”
Dheweke ora wani crita ngenani lakon sing dialami mau bengi lan nganti wektu iki dheweke ngurungi Gundhul neng rinjing. Malah pikirane tumplek bleg neng sing mati. Apa bener Gundhul kuwi ingon-ingone dhe Banyak. Nanging yen didelok sugihe pancen jan ora mekakat. Yen trima Gundhul sajak kok ora mungkin nganti sugih mbrewu kaya ngono. Apa isih ngingu ingon-ingon liyane.
Saka njero ruang UGD keprungu layon wis siap arep digawa bali. Kanciludin cekekal tangi. Mara menyang kasir saperlu mbayari pangupakare layon. Pancen layone durung didusi. Amarga welingan Blengur bapake didusi neng omah wae.
Swara sirine gemontang mecah ratan lan gang sing tumuju menyang omahe dhe Banyak. Kanciludin melu numpak montor ambulan sandhing layon. Liyane mlaku nurut dalan trabasan sing luwih cepet teka. Ing njero montor Kanciludin ngandhakake pangapurane uga aweh pangapura marang dhe Banyak. Najan mangkono kanggo ngguwak rasa pitakonan ing atine, dheweke banjur nyingkap jarik sing nutupi layon. Kanciludin ndengengek nganti kegadhug, ambegan banter, tangane ngewel. Awake banjur teles kebes karo kringet. Sesawangan sing lagi wae dialami iku jalarane. Awit nalika nyingkap jarik iku mau bathuke dhe Banyak putih kabeh karo wedak bayek kaya dene Gundhul sing neng njero rinjing pawon.
Nganti layon tekan omah, didusi lan dilebokake pendhosa, Kanciludin isih thong-thongen bathuke dhe Banyak.
“Aku takbali dhisik, lali pitikku durung takpakani,” kandhane marang pak Precil sing lungguh neng sandhinge.
Tekan omah tanpa srantan rinjing dibukak. Gundhule ilang, sega jemek isih lemekan godhong jati. Lan dhuwik seket ewu uga gemlethak neng kono. Kanciludin mbengok sakatege.
“Mbokmu dhuwike temu!”

0 komentar:
Posting Komentar